Wahyu Rintoko Aji lair tanggal 3 Juli 2000 minangka salah sawijining mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa FKIP UNS angkatan 2019 kang lulus taun 2023. Dalemipun mapan ing Palur Mojolaban, Sukoharjo. Alesan Mas Aji saged mlebet ing Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Estunipun botën wonten motivasi ingkang milgi kanggé mlébét Pend. Basa Jawa. Sédáya wau kadosipun sampun ginaris dening Hyang Maha Agung. Kālā rumiyin képără malah botën wonten gegayuhan badhé miêbêt wonten ing PBJ. Amargi rikālā sémantên Kulă punikā sekolahpun SMK, tamtunipun boten ngênér badhé kullah punåpå malih ing PBJ. Ananging kälä wau, sēdayanipun sampun ginaris lan tinakdir dèning Gusti. Kanthi linambaran raos rêmên lan trêsna ngléluri budaya, pungkasanipun pinaringan margi kangge nyêcêp sarining kawruh wonten ing pawiyatan luhur Sebelas Maret mliginipun ing Pendidikan Bahasa Jawa.
Menawi ngrëmbag babagan pengalaman lan prestasi Mas Aji sampun nate dados juara 3, juara 2, juara 3 lomba karya tulis, lan juara 3 lomba macapat. Awit saking sih wêlasipun Gusti, sebibare lulus saka program studi Pendidikan Bahasa Jawa Mas Aji sampun mucal Basa Jawa wonten ing satunggaling SMA ing kutha Surakarta. Kejawi punikā, ugi kaliyan wonten sambèn/freelance minangkā pambiwärä pêngantèn utawi asring dipunsébut MC Basa JawiWeling saking Mas Aji tumrap adhik-adhik Pendidikan Bahasa Jawa, mänggå sami sëngkut anggènipun nyêcêp kawruh wonten ing pawiyatan. Kadosta ingkang dipunandharaken wonten ing Sêrat Wulangrèh anggitanipun Sinuwun Pakubuwana kaping IV, “Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku”. Kulă lan panjenengan sedaya saged dados manungså ingkang sugih kawruh menawi saged nglampahi lêlaku. Lêlakunipun mahasiswa punikā kados punăpă? Tamtunipun inggih sinau kanthi mêmpêng. Kejawi puniką, menawi miturut bäsă mâncaă têmbungipun “eksplorasi”. Dados, Kula lan panjenengan sêdāyā Kedah saged_mengeksplorasi dhiri pribadi murih saged sugih ing kawruh lan mrantasi ing samubarang pakaryan. Ingkang baku, panjënëngan kedah saged matrapaken management waktu ingkang saé, sagéd nëmtokakën prioritas pundi ingkang kêdah dipunlampahi langkung rimiyin. Amargi menawi botën makatên, wusananipun tamtu “ambyar” lan boten mangêrtosi pundi prioritas panjenengan. Ananging. menawi kanggé Kula pribadi, lulus tepat waktu punika, ugi botën dados jaminan panjenengan lan Kulă mrantasi ing bab kawruhipun. Ingkang baku, kedah njagi continuitas. Sinau, sinau, lan sinau kanthi tlatèn supados ing samangké saged ngêcakaken kawruh Panjenengan kanthi saé lan mrantasi ing gawe.
Asmanipun Mbak Novi Tri Ambar Wati. Mbak Novi lair Ing Karanganyar, 06 November 2000. Griyanipun Mbak Novi sakniki wonten Dukuh Rejo, Rt 04/Rw 03 Jantiharjo, Karanganyar. Mbak Novi mlebet dados mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa tahun 2019 lajeng lulus kanthi gangsar kaliyan angsal predikat Cumlaude ing tahun 2023. Salebeting dados mahasiswa Mbak Novi inggih menika salah satunggal tiyang ingkang remen tumut organisasi. Organisasi-organisasi inggih menika LSP FKIP UNS, IMAKA UNS, HMP WIBAWA kaliyan PMBM Pulpen Ijo. Sanese remen tumut organisasi Mbak Novi menika uga nggadahi kapirang-pirang prestasi kejuaraan inggih menika Juara 2 lomba caption social awarnes BEM FKIP UNS 2022, Juara 3 lomba MTQ internal UNS 2022, kaliyan Juara 1 lomba MTQ internal UNS 2023. Mbak Novi menika salah satunggal tiyang ingkang saged menagement waktu kanthi sae, carane inggih menika nemtokake prioritas. Prioritas mahasiswa inggih menika kuliah ananging ing wektu-wektu lodhang bisa kanggo ndherek organisasi.
Organisasi miturut Mbak Novi penting sanget amarga saking organisasi bisa tepang relasi kathah. Pengalaman organisasi uga bisa dados bekal nalika mlebet dunia kerja utaminipun guru. Pengalaman dados panitia ing organisasi bisa dirasakake faedahe nalika sampun nyekel acara ing sekolah utawa kantor kerja mbesuk. Nalika ndherek organisasi ing HMP Wibawa Mbak Novi menika dados Kepala Bidang Sosial Masyarakat, menika bidang kang nggadhahi proker celak sanget kaliyan masyarakat. Salah satunggaling proker saking bidang Sosial Masyarakat inggih menika Birawa. Birawa inggih menika kegiyatan sinau bebarengan kaliyan bocah-bocah SD ing sekitaran Kampus Ngoresan. Saking pengalaman proker menika saged dados pengalaman ngajar saderengipun dados guru ing sekolah. Nalika dados Kabid Bidang Sosial Masyarakat Mbak Novi nggadhahi cara kanggo ngraketake staf inggih menika ngajak ngobrol kaliyan dolan bebarengan.
Miturut pengalaman organisasi saking Mbak Novi masalah kemoloran wektu sampun dados hal biasa. Milane kudu dibiasakake supados sedaya pengurus organisasi bisa tepat waktu anggenipun teka ing acara. Konflik ing organisasi uga dados hal biasa ing sajrone organisasi ananging bisa digolekake solusi salah satunggale didiskusikan bebarengan kaliyan Kepala Bidang liyane lan Ketua Himpunan uga bisa saking diskusi analisis SWOT banjur dibandingake saking pamanggih-pamanggih sanes. Miturut Mbak Novi semangat pengurus kanggo aktif ing organisasi menika gegayutan kaliyan lingkungan. Menawi saking pengurus sampun nyaman kaliyan lingkunganipun, sakabote acara bisa kalaksanan kanthi gangsar lan entheng. Ingkang pungkasan Mbak Novi ugi atur pesan kanggo adhik-adhik mahasiswa inggih menika semangat anggene sinau ing bangku kuliah kaliyan organisasi amarga saka organisasi iku nggadhahi bekal kang ora bisa dituku ing ngendi wae.
Alaudin salah sawijining Alumni mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa FKIP UNS angkatan 2020 kang lulus taun 2024.lair ing Sragen, 20 Mel 2002 kanca-kanca ne kerep nyapa Udin. Mas udin saderengipun ugi ragu-ragu milih Prodi Pendidikan Bahasa Jawa terus sasampunipun ketampi ing Prodi Pendidikan Bahasa Jawa mas udin rumaos bingah lan remen amargi kathah angsal elmi bab basa, sastra, budaya lan tasih kathah malih. lan para mas lan mba pbj ugi rukun sedaya.
Mas udin rumiyin numuti. HMP Wibawa 2 periode. periode pertama mas udin dados staf media bidang humas lajeng periode dhateng 2 dados kabid wonten bidang humas.wektu nindakake proker humas lumampah kanthi sae amarga direwangi kanca kang bergotong royong nindakake adicara.pandengan mas udin bab HMP Wibawa benten saking HMP sanesipun amargi wonten PMBM ingkang dados pembedanipun lan dados keunggulan piyambak kangge HMP Wibawa. Sakmenika Mas udin gadah kesibukan damel-damel sandang.kados kaos sragam,tumut ing konveksi kangge ngisi wekdal.lan mas udin ugi badhe nyobi ndaftar ppg ing taun sakmenika. Pesen damel HMP Wibawa mugi-mugi tambah sae majeng terus tansah rukun lan kompak, tansah ngrencangi.lan ndamel bombongipun Prodi Pendidikan Bahasa Jawa.lan kanggo anggota HMP Wibawa muga muga bisa nindakake proker-proker Kanthi sae lan lancar.
HMP Wibawaa!! bangga wibawa jaya wibawa.