Katawang Agêng

Sêsindhèn Badhaya gêndhing Katawang Agêng, laras pelog gangsal

raka pakênira sampun atêngara | sira puniki kari | angling Jayèngsêkar | lah bapa têngaraa | tumulya têngara nitir | sumrêg atata | saparannya ngajabsih ||

alancingan pêthak alus kampuh jingga | sabuk pathol wilis | akris cinitrèng mas | sêngkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar cêpaka | gêgônda amrik minging ||

akêkace cindhe binggêl mas rinêngga | ya urap-urap sari | jamang mas tinatrap | ing rêtna adikara | asumping swarna lan rumbing | sumarsana bra | sumêr gandanya amrik ||

Mêndhak nêmbah, nuntên mungêl malih gêndhing.

sêmang-sêmang | dhuh | asarea lêt gêguling | dewa dharat apit-apiting gapura | kadrawasan gêguling aglar ing jogan | ning wong agung susuhunan ||

sapa baya | kang awêlas saking brangti | dhuh | pandaming rat kusuma dinanurwenda | kawastara nanging sira ing paprêman | ning wong agung susuhunan ||

danumadya | dhuh | ambara lali sih jiwa | dèn asamar awèta anuwun pada | ning wong agung susuhunan ||

lêlewane | yèn prapti gêtêri ati | dhuh | myanggalit | rondhone sira tilarsa | dèn aririh sarira sapa darbea | ning wong agung susuhunan ||

poma-poma | dhuh | yèn babar aja nglingsiri | tuduhêna gèn manira angawula | sun anuwun pada baya | susuhunan | sumbalinga yèn katona dadi lara | dadi edan baya | susuhunan ||

kapan  baya | wong agung babo |  sun apanggih ing paprêman | ning wong agung susuhunan | bale atma | tunjung alit sinaroja | dhe | ya dhuh lamun kangên tumutur pundi parannya | dhe ||

saturune | wong agung babo | ing paprêman | pra madya tangis | ni mbok dhangur | susuhunan | sinawisa | saraga têmah wiyoga | bok langak têmah wiyoga | dhe | ya dhuh | tanna panggih yèn baya sarana jiwa ||

Suwuk lajêng mungêl malih katawang

bêbaguse wayuha sanambang | dhe | sindura pinipis pindho | susuhunan ||

dhe | anglawat akèh rabine | susuhunan ||

dhe | anglawat kathah garwane | susuhunan ||

dhe | sêsotya aglaring mega | susuhunan ||

dhe  kadi lintang kuwasane |susuhunan. nga.

anênangis | tumêngèng ing tawang .nga. ||

dhe | kadya lintang pakartine panêmbahan ||

tanuastra | kadi ta agêni ||

dhe | urube kantar-kantar | kiyai ||

dhe | yèn mati ngêndi surupe | kiyai | yèn mati pundi surupe | kiyai ||

Gêndhing katawang Agêng punika miturut buku pasindhèn badhaya saking musium, anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung.

Sumber : http://www.sastra.org/bahasa-dan-budaya/31-karawitan/66-koleksi-warsadiningrat-mna1926b-warsadiningrat-c-1926-619

Video :

1. http://www.youtube.com/watch?v=-s21OGopAQc

2.http://www.youtube.com/watch?v=zlpoG5urKa4

3. http://www.youtube.com/watch?v=bWPFmW148dI (Backsound Bedhaya ketawang dari “tumêngèng ing tawang .nga. dhe”)