Sarimpi gêndhing Ludira Madura, minggah Kinanthi pelog barang (cakêpan lami)
[Kinanthi]
1. midêring rat angalangut | lêlana jajah nagari | mubêng têpining samudra | sumêngka anggraning wukir | analasak wanawasa | tumurun ing jurang trêbis ||
2. sayêkti kalamun suwung | tangèh miriba kang warni | lan sira pêpujaningwang | manawa dhasaring bumi | miwah luhuring akasa | tuwin jroning jalanidhi ||
3. iku ta sapa kang wêruh | nanging kirane tyas mami | sanadyan ing tri bawana | anaa kang madha warni | maksih sumèh sêmusira| lurus larase rêspati ||
4. myang dêdêg pangadêgipun | sêdhêng sèdhête mantêsi | sêmbada gênging sarira | lêlewane milangoni | wiraga raga karana | murwendah hyang-hyanging bumi ||
5. manis gapyak lukita rum | dhèmês luwês mêrakati | susila tyase ngumala | solahe nyudara wêrti | juwawut gêng kang salaga | parikudu sun ngèngèri ||
6. kadêrêng kudu andarung | kumêdah dadia abdi | sira sang kalêngkaning dyah | kang mardu mardawèng dasih | asihing kula wiyoga | yogane angusadani ||
7. sada kalane lara kung | kinungkunga ing pangaksi | ingupakarèng wêwida | widagdaa ing pangrêmih | rêsêping tyas manohara | rarasing rèh nèng jinêmmrik ||
8. baskara mijil kalalun | janma pinrayitnèng wèsthi | sirna tyas mring kasujanan | araning jati ngêmasi | gung rimang brôngta mangarang | rangu-rangu angranuhi ||
9. sayakanira Hyang Wisnu | sarana giyota milir | gung kacakra solahira | mangimur-imur ngrêsêpi | we wijiling antariksa | pama edan andalêming ||
10. sang wrêsni kesawa prabu | bramara kang talèng siti | sêtyanana tur kawula | paron pamuduling rukmi | ngendraloka janaloka | satata ulun sumiwi ||
11. sastra pangandhêging kidung | sudarma basudewaji | ngèstu pada mring kusuma | manjanmaa ping sakêthi | pusara pangikêt gôngsa | tumuntur tan nêdya kari ||
12. upama sira mas ingsun | manuksma ring taru rêsmi | ingsun manuksma ring sêkar | gadhung rumambat ing uwit | lumalad mulêt pradapa | umalit tangkil kumanthil ||
13. yèn sira nuksma ri ningsun | marang ingkang sarwa sari | ingsun kang dadya satpada | rumarah mara mangungsir | ngingsêp maduning kusuma | sanityasa lêliron sih ||
Suwuk pathêt barang jugag, lajêng cêluk (bawa swara) wastra ngangrang (ladrang Mijil) gêndhing kêmanak mawi ricikan (kalênengan)
[Mijil]
1. wastra ngangrang tèbènging patani | panggagasing batos | atma dwija Sêmpani wastane | gung karônta ing siyang myang ratri | ingkang sarpa langking | mung sira riningsun ||
2. patarendra pêparabing èstri | paran wêkasing don | kang toh pita sumrambah ragane | lagi ana panujuning ati | ron lêsahing siti | ewuh marganipun ||
3. waeladi tanayèng kadhiri | kiraning tyas ingong | Yaksa Prabu Gorangsa kadange | datan môntra sira animbangi | janma gung kajodhi | wit asor kalangkung ||
4. tawing wastra ron kamal kang kuning | nadyan sang lir sinom | kukila gung sabawèng ratrine | datan sudi angaku kêkasih | andêl ngalêngkaji | maksa raganingsun ||
5. pasir krêsna mujwala kaeksi | lila trusing batos | guthaka lit kawistara lênge | mung karyanên panongsong pakathik | roning tangkil kawis | sokur gustiningsun ||
